AREP APIK MALAH DADI
MEMALA
Dina Kemis esuk, bocah-bocah padha arep mangkat sekolah. Bocah-bocah kuwi mau padha ngampiri kancane, jenenge Tuti. Tuti lagi salin , padahal wis jam setengah pitu.
Nindya, Rigma, : “Tuti!Tuti! ayo mangkat sekolah. Mengko ndak kawanan!”
Tuti : “Yo dilit...aku lagi salin...!!!!!”
Rigma : “Cepet! Tak tunggu.”
Saking suwene, Tuti ditinggal karo kancane...
Iyan : “Tuti kok suwe banget tho, tinggal wae yo?”
Nindya : “Youwis lah..”
Rigma : “Ayo!”
Sawise salin, Tuti metu saka omahe. Jebule, kanca-kancane wis ora ana. Tuti mlayu nututi kanca-kancane.
Tuti : “Eh.. kok do ninggal aku e? Aku durung dandan iki.”
Nindya : “Lha.. kowe suwe banget e..”
Tuti : “Aku mau esuk tangi kawanan, amerga nonton tv tekan mbengi. Tunggu dilit, aku arep njipuk pupur ning tas ku ndisik.”
Iyan : “Malah pupuran.. mengko tiba tak sukurke lho!”
Nindya : “Ayo lek uwis, wis meh telat ki lho.”
Rigma : “Tut, nek mlaku ki ndelokke dalan, ora pupuran terus, wis ayu kok!”
Tuti : “Rupa-rupaku, pupur-pupurku, masalah nggo kowe?”
Rigma : “Sakkarepmu lah... ning nek mengko tiba, aku wis ngilingke lho.”
Ujug-ujuk, klusud, glayar-glayar, brek, prak gedebuk! Tuti tiba, amerga kesandung watu.
Tuti : “Adduuuuuuhhh.........”
Iyan : “Lha... lak tenan to.. kapok ora?”
Rigma : “Sing tak omong mau tenan to?”
Nindya : “Mulakno, mlaku kuwi ora sambi dandan, dadi ngono tho akibate.”
Rigma : “Nek wis ngerti ngono, ojo dibaleni meneh.”
Tuti : “Iyo...iyo... aku kapok saiki, aku ra arep mbaleni meneh.”Nindya,Rigma, : “Tenan lho??”IyanTuti : “Iyo...iyo...”Nindya, Rigma, : “Karepe arep apik malah dadi memala! Tuti...Tuti...!!!”Iyan
Untung wae Tuti ora lara. Bocah-bocah mau banjur nglanjutke mlaku ning sekolah. “Karepe arep apik malah dadi memala”.
0 komentar:
Posting Komentar