Pages

Senin, 08 Desember 2014

Gamelan

Gamelan iku salah sijiné seni musik tetabuhan tradhisional aseli saka Indonésia utamané ing pulo Jawa, Madura, Bali lan Lombo Tembung gamelan dhéwé iku asalé saka basa Jawa yaiku "gamel" kang duwé makna "tabuh".Isi gamelan iku saprangkat piranti musik sing dienggo ngiringi tembang, utawa ditabuh tanpa tembang minangka klenèngan. Jinis musik iki kasebar nganti tekan pulo-pulo ing saindenging tlatah Nusantara lan saiki malah wis kasebar rata nganti Amérika, Éropah lan tlatah liyané.Jinis musik tradhisional liya sing mèmper karo gamelan uga ana ing Filipina, Malaysia lan Suriname.

Gamelan duwéni
melodhi kang magis utawa nduwé daya supranaturalsupranatural, mula swarané gamelan diarani mélodi utawa wirama perkusi kang magis. Pagelaran gamelan uga ana kang ngarani orkestra gamelan Jawa. Ing buku kang irah-irahané Music of Java, Jaap Kunst nerangaké yèn gamelan iku kaya komparasikomparasi saka cahya rembulan lan miliné banyu, misterius kaya cahya rembulan lan obah utawa dinamis kaya milining banyu
Gamelan kalebu perangan ing kabudayan JawaIng Jawa gamelan biyasané kanggo musik pangiring pagelaran wayang kulit utawa ringgit, tari, uyon-uyon. Jinisé laras ing gamelan ana loro yaiku laras pélog lan laras sléndra. Saben sèt gamelan nduwéni instrumén kanggo laras pélog lan sléndra.

Jinis

Jinis gamelan werna-werna lan kapérang miturut laras lan tlatah panyebarané. Munculé gamelan didhisiki karo budhaya Hindu-Budha kang ndominasi Indonèsia kanthi awal mangsa pencatatan sejarah, kang uga makili seni asli Indonésia . Instrumené dikembangaké kanthi bentuké kaya mangkéné iki ing jaman Kerajaan Majapahit . Ing pambedané karo musik India, siji-sijiné dampak ke-India-an ing musik gamelan yaiku kepriyé cara nyanyikaké . Ing mitologi Jawa, gamelan diciptakaké déning Sang Hyang Guru ing mangsa Saka, dewa kang nguasai kabèh tanah Jawa, kanthi istana ing gunung Mahendra ing Medangkamulan (saiki Gunung Lawu) . Sang Hyang Guru pertamané nyiptakaké gong kanggo ngundhang para dewa . Kanggo pesen kang luwih mligi banjur nyiptakaké rong gong, sawisé kuwi kabentuk set gamelan .

Miturut larasé

  • Gamelan laras sléndro
  • Gamelan laras pélog, béda karo gamelan laras Slendralaras pélog ana angka 4 (papat) karo 7 (pitu). Dadi titi laras ing laras pélog duwé 7 nada pepaka ya iku 1 2 3 4 5 6 7
  • Gamelan laras prawa (Pasisir)

Miturut tlatah sumebaré

Saben dhaérah ing Nusantara nduwé gamelan sing béda-béda miturut tlatah budayané, piranti gamelan sing dianggo uga rupa-rupa lan béda-béda.
Gamelan Jawa yaiku musik kang cinipta saka paduan swara gong, kenong, lan alat musik Jawa liyané. Irama musik kang alus nggambaraké kaselarasan urip wong Jawa kang nggawé tenang jiwa nalika dirungokaké. Gamelan Jawa ngrembaka ing Yogyakarta. Gamelan Jawa beda karo Gamelan Bali lan Gamelan Sunda. Gamelan Jawa duwéni nada kang luwih alus lan slow, beda karo gamelan Bali kang rancak lan gamelan Sunda kang didominasi swara suling . Gamelan-gamelan iki béda amarga Jawa duweni pandangan urip dhéwé kang beda karo Sunda utawa Bali, déné pandangan urip iki digambaraké sajroné irama musik gamelan Jawa.
Pandangan urip Jawa kang digambaraké sajroné musik gamelan yaiku kaselarasan kauripan jasmani lan rohani, kaselarasan sajroné omongan lan tumindak saéngga mujudaké toléransi ing sasama. Wujud nyata ing musik gamelan Jawa yaiku tarikan tali rebab kang sedengan, paduan seimbang swara kenong, srin, kendang lan gambang lan swara gong kanggo nutup irama.
Gamelan biyasané dianggo ngiringi pagelaran wayang lan tari-tarian. Saliyané musik, gamelan Jawa uga ana swara sindhén kang nembangaké lancaran, ladrang, lan gendhing-gendhing Jawa.

Saperangkat gamelan diisi karo akéh alat musik.Alat musik iki yaiku alat usik kaya drum kang dirani kendang, rebab lan celempung, gambang, gong lan suling pring. Komponèn utama kang nyusun alat-alat musik gamelan yaiku pring, logam, lan kayu.Saben alat musik duweni fungsi dhewe-dhewe ing pagelaran musik.Kayata gong kang nduwéni peran kanggo nutup irama musik kang dawa lan ménéhi kaseimbangan sawisé musik diiringi irama gendhing.

0 komentar:

Posting Komentar