Sajarah
Kethoprak wiwit bebukane awujud
dedolanan para priya ing dhusun kang lagi nganaake lelipur sinambi nabuh lesung kanthi
irama ana ing waktu wulan purnama ndadari, kasebut Gejog. Ana ing tembe kaering
tembang bebarengan ing kampung /dusun kanggo lelipur . Sak teruse ana tambahan
kendhang, terbang, lan suling, mula wiwit saka iku kasebut Kethoprak Lesung,
kira-kira kadadeyan ing tahun 1887. Sak banjure ana ing tahun 1909 wiwitan
dianaake pagelaran Kethoprak kanthi paripurna/lengkap.
Pagelaran Kethoprak wiwitan kang
resmi ing ngarsane masyarakat/umum, yakuwi Kethoprak Wreksotomo, dipandegani
dening Ki Wisangkoro, sing mandegani kabeh para pria. Carita kang dipagelarake
yaiku : Warsa – Warsi, Kendana Gendini, Darma – Darmi, lan sapanunggalane.
Sawise iku pagelaran Kethoprak
sansaya suwe dadi lan apike lan dadi klangenane masyarakat, utamane ing tlatah Yogyakarta.
Ing kadadeyan sak wise Pagelaran Kethoprak dadi pepak anggone carita lan ugo
kaering gamelan.
Jinis
Anane gegayutan karo pagelaran
“teater” para narapraja, mula pagelaran Kethoprak, bisa dibedakke
mengkene :
- Kotekan Lesung : awujud awal mulane Kethoprak lan dadi winih ing tembe mburi dadi pagelaran Kethoprak.
- Kethoprak Lesung Wiwitan : wiwitane saka kotekan Lesung ana tari-tarian lan jangkep karo carita , panguripane para tani .
- Kethoprak Lesung : Amujudake pagelaran jangkep lan nganggo carita rakyat kaering gamelan kaya ta gendang, suling, terbang lan lesung. Iki kang bakal lan lahire pagelaran Kethoprak.
- Kethoprak Gamelan : Wiwitan saka Kethoprak Lesung, dijangkepi karo carita Panji lan ageman ‘mesiran’ ( Baghdad ).
- Kethoprak Gamelan Pendopo : carita-caritane ngemungake carita Babad, dipagelarake nganti seprene . Pagelaranne ana ing panggung tanpa payon, nanging wis nyedhaki ana ing Gedhung/panggung , yaiku kasebut Kethoprak Pendapa ( Pagelarane ana ing ‘Pendopo‘).
- Kethoprak Panggung : Iki pagelaran Kethoprak ingkang pungkasan , yoiku Kethoprak kang di pagelarake ana ing panggung kanti carita campur, awujud carita rakyat, sejarah, babad uga carita adaptasi saka ing nagari manca ([[Sampek Eng Tay’’, Maling saka Bagdad lan sapanunggalane ).
Saiki bisa dipirsani Kethoprak
Panggung ana ing tlatah Jawa Tengah lan Jawa Wetan. Pagelarane dadi profesional
kanthi amungut bayaran karcis , ugo kanggone para nayaga (pemain ) lan
pradangga (penabuh gamelan ) kethoprak wis dadi panguripan. Tehnik pagelaran
lan carita digawe luwih apik lan ditindaake kanthi teges lan tumemen. Conto mau
bisa dipirsani ana ing Kethoprak “Siswo Budoyo” saking Tulung Agung, Jawa Wetan
kang wis misuwur ana ing ngendi wae, dadi klangenane masyarakat.
Isi
carita
Rupa-werna carita pagelaran
Kethoprak umpama carita
rakyat, dongeng, babad, legenda, sejarah lan adaptasi saka nagari manca bisa uga migunaake swasana
Indonesia, contone karya Shakespeare : Pangeran Hamlet utawa Sampek Eng
Tay. Carita-carita baku: Darma-Darmi, Warsa-Warsi, Kendana-Gendini, Abdul
Semararupi (crita Menak), Panji Asmarabangun, Klana Sewandana (crita
Panji), Ande-ande
lumut, Angling Darma, Roro Mendut,
Damarwulan, Ranggalawe, Jaka bodo.
Carita klangenan masyarakat bisa
arupa carita pahlawanan, paperangan , carita nglempengake kabeneran biasane ing
akhir carita sing gawe bebener, jujur lan baik antuk kamenangan.
Ageman para nayaga pemain di padaake
karo carita kang dipagélarake, . Biasane nganggo ageman para Narapraja Jawa
wektu jaman kerajaan biyen. Umpama Pangeran Wiroguna, Agemane ngangga Priyayi
Jawa Pangeran saka tlatah Jawa Tengah ( Jogaakarta ), Semono uga para prajurit.
Nanging ana uga ageman kang arupa simbolis ,umpama Piyantun Wicaksana aweni
ageman cemeng , Piyantun suci awerni agemman pethak, ingkang kendhel agemane
abang. Carita Baghdad agemane kasebuat “Mesiran” nganggo ageman sutra. Agemen Wayang
wong uga ana gegayutan karo Kethoprak,
utamane Kethoprak pesisran tlatah Jawa sisih pesisir Lor. Umpamane carita
Angling Darma, Menak Jingga/Damarwulan.
Uga ana ageman kasebut basahan,
yokuwi ageman kejawen ananging cinampur ing liyan bisa arupa ageman batik, lan
beskap uga surban (biasane nganggo uga jubah). Ageman basahan iki biasane ana
ing carita Menak utawa carita para wali/para ulama Islam ing sajerone praja.
Sing dadi ciri wancine
Kethoprak : Carita kanthi para nayaga/pemain , kaering tabuhan (gamelan)
,Ageman tembang kang dadi tetenger kethoprak . Rembugan uga biasa nganggo
tembang ,dadi tembang bisa mujudake dadi pangiring adegan, dialog, monolog (
rerasan dewe) utawa dadi narasi.
Wondene unining gamelan kanggo
ngeringi tembang, adegan, ilustrasi swasana carita, swasana dramatik, kang
mbedaake adegan siji lan sijine.
Perangkat
pengiring
Kendang, saron, ketuk, kenong, kempul lan gong bumbung utawa gong kemada. Gamelan jangkep biasane nganggo suling utawa terbang. kanthi tambahan keprak.
Para nayaga kethoprak biasane pinter
anggone “akting” uga kudu pinter nyanyi & nari .
Senadyan sing dienggo basa Jawa
nanging kudu nganggo “unggah-ungguh” basa. bisa nganggo Jawa biasa (ngoko),
basa krama, lan Krama inggil.
Ing wektu saiki, ana ing wolak
waliking jaman, kethoprak uga duwe “improvisasi” kanthi wujud dagelan
kethoprak. Umpamane awujud Dagelan lan Kethoprak Humor ana ing siaran Radio lan
televisi. Carita bakune padha nanging dipagelarake kanthi dagelan . mligi ngemungake
lan nyenengake pamirsane.Bab paugeran nomer loro. Kethoprak mau biasane wis ora
nganggo unggah ungguh basa lan tatakrama, sing baku bisa gawe geguyu.Carita lan
basa ora nganggo paugeran baku. Mula bisa kasebut Kethoprak ora jangkep.
Ludruk
Ludruk iki béda karo kethoprak, amarga ludruk critané perkara panguripan sak
dina-dina lan sok-sokan nyritakaké perkara kahanan anyar kaya ta kadadéyan ing
negara. Biasané ludruk dibukak karo tandhak lan kaya tari ngremo, utawa beskalan putri yèn ludruk cara
Malangan. Pambukané ludruk biasané kawujud parikan
(nembang/ngidung) sing isiné ana gandhèng cènèngé karo kahanan anyar.
0 komentar:
Posting Komentar